PARIKAN
Parikan inggih
menika tetembung utawi unen-unen ingkang kedadosan saking kalih ukara ingkang
dhapukanipun mawi purwakanthi guru swara, saben sak ukara dumadi saking 2
gatra, ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka waosipun.
Tuladha
: Tawon madu, ngisep sekar
Dadi guru, kudu sabar
Dadi guru, kudu sabar
Parikan miturut cacahipun wanda saged
kapareng dados tiga, inggih menika :
1. (4
wanda + 4 wanda) x 2
Tuladha :
a. Iwak
bandeng, durung payu
Priya ngganteng, sugih ilmu
Priya ngganteng, sugih ilmu
b. Wajik
klethik, gula jawa
Luwih becik, sing prasaja
Luwih becik, sing prasaja
c. Wedang
bubuk, tanpa gula
Aja ngamuk, enggal tuwa
Aja ngamuk, enggal tuwa
2. (4
wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha :
a. Kembang
kencur, ganda sedhep sandhing sumur
Kudu jujur, yen koe kepengen luhur
Kudu jujur, yen koe kepengen luhur
b. Cengkir
wungu, wungune ketiban ndaru
Watak guru, kudu sabar momot-mengku
Watak guru, kudu sabar momot-mengku
c. Kembang
mlathi, warna peni ngganda wangi
Watak putri, kudu gemi lan nastiti
Watak putri, kudu gemi lan nastiti
3. (8
wanda + 8 wanda) x 2
Tuladha :
a. Gawe
cao nangka sabrang, kurang setrup kurang banyu
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
Aja awatak gumampang, ingatase calon guru
b. Sega
punar lawuh empal, segane panganten anyar
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar.
Dadi murid aja nakal, kudu ulah ati sabar.
No comments:
Post a Comment