LAGU DOLANAN part II
1. KUPU KUWI (Jawa Tengah)
Kupu kuwi dak encupe
Neng abure ngewohake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrono mrene mung sak paran-paran
Mbok yo mencok dak encupe
Mencak mencok cegrok
Banjur mabur kleper
2. WAJIBE DADI MURID (Jawa Tengah)
Wajibe dadi murid
Ora kena pijer pamit
Kajaba yen lara
Lara tenan
Lara tenan
Ora lara mung ethok-ethokan
Lan...lan manehe kudu pamit nganggo layang
Yen wis mari larane kudu enggal mlebu nyang pamulangan
Aja enak-enakan
Suwe-suwe mundhak bodho longa-longo kaya kebo...bo...
Bocah bodho...dho....
Suk yen gedhe ngalor ngidul tansah mlongo
bersambung..........
No comments:
Post a Comment